Contoh Pawarta atau Berita Dalam Bahasa Jawa ( Berita Bencana Alam dalam Bahasa Jawa Hujan Badai di Magelang )

Pawarta merupakan sebuah arti kata dari berita dalam bahasa jawa. Sama halnya dengan berita pawarta memiliki tujuan mengabarkan/ memberitahukan/ menceritakan tentang sebuah kejadian/ peristiwa yang terjadi.


Adapun pengertian pawarta dalam bahasa jawa dapat kita simpulkan sebagi berikut:

 Bentuk cetak
Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran
Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.

Liwat Internet
Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.

Bentuk lisan
Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa    = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa    = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan    = Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye    = Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.

Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.
Search Populer:
Kumpulan Pawarta Terlengkap ,pawarta bahasa jawa, pawarta bahasa jawa Terlengkap, pawarta bahasa jawa singkat, pawarta bahasa jawa bencana alam, pawarta bahasa jawa pendidikan, pawarta bahasa jawa terbaru 2019, pawarta bahasa jawa 5w+1h, pawarta bahasa jawa gunung meletus, Contoh Pawarta Terbaik,  Pawarta yaiku, pawarta adalah, pawarta aktual, pawarta anyar, pawarta artine, pawarta asian games, pawarta aktual bahasa jawa 2019, pawarta b jawa, pawarta b.jawa 5w+1h, pawarta b.jawa singkat, pawarta b jawa 2019, pawarta b.jawa terbaru, pawarta b.jawa terkini, pawarta b.jawa kecelakaan, pawarta b jawa krama, contoh pawarta b.jawa, pembukaan pawarta b.jawa, pawarta cekak,pawarta contoh, pawarta cerita, pawarta dalam bahasa indonesia, pawarta ekonomi


Contoh Pawartanya





Berita bencana alam dalam bahasa jawa – Udan deras dimawani angin banter sing nempuh wilayah kutha lan Kabupaten Magelang wingi sore (16/1) marakake loro wong ngalami tatu-tatu cukup serius. Kekalihe ketiban wit ambruk.

Saking kencange angin, siji baliho ukuran 6 x 12 meter neng dalan A. Yani uga ambruk. Tepate, neng ngarep markas Detasemen Polisi Militer Magelang. Untunge, awak baliho ora ngembruki pengendara sing pada liwat neng dalan kesebut. Akibat kedaden kuwi, arus lalu lintas neng dalan A. Yani ngalami macet sawentara.

berita-bencana-alam-dalam-bahasa-jawa-hujan-badai-di-magelangLoro warga sing tatu yaiku Sri Handoyo Bekti, umur 34 taun, warga Mantenan, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang; lan Bambang Triyono, umur 36 taun, warga desa paten gunung, Kelurahan Rejowinangun kidul, Kecamatan Magelang Selatan.

Sri ngalami tatu lecet neng kanggonan awak lantaran kembrukan wit randu wektu liwat neng dalan telaga werna, desa Nambangan, Kelurahan Rejowinangun Utara, Kecamatan Magelang Tengah.

Lagekne Bambang ngalami tatu serius neng kanggonan sirah sakwise kembrukan wit wektu liwat numpak sepeda montor neng dalan pemuda, kutha Magelang. Kekalihe saiki dirawat neng UGS RSUD Tidar Magelang. “(Korban) isih mbisa perawatan intensif saka dokter neng UGD,” gamblang sawong panugas RSUD Tidar kutha Magelang.

Miturut pawarta, angin kencang sing neras mung itungan menit kuwi uga ngrubuhake siji baliho neng dalan Tentara pelajar No 7. Tepate, neng ngarep Sky Light Plaza Magelang.

Sawentara kuwi, wit-wit sing ambruk kedadean neng sacacah ruas dalan protokol. Antarane neng dalan Pajang, dalan pemuda (Pecinan), dalan Tidar, dalan Tentara pelajar, dalan Diponegoro, sekitar RSU Tidar, lan Nambangan. Berita Bencana Alam dalam Bahasa Jawa Hujan Badai di Magelang.

Angin uga nempuh desa, Bogeman, Samban lan Gelangan. Akeh gendeng omah warga pada rusak. Wit-witan sing ana neng kompleks RSUD Tidar kutha neng dalan Tidar uga ambruk. Ambruke baliho lan wit neng pirang-pirang panggonan, nggawe arus lalu lintas macet. Polisi kepeksa nutup dalan Tentara pelajar.

Bripka Samsudin, anggota Polres Magelang kutha mirsani ambruke baliho gedhe neng simpang markas Detasemen Polisi Militer neng dalan A Yani. “Wektu kuwi, udan deras banget dimawani angin banter. Ora suwe, baliho kuwi ambruk, pas neng pinggir pos polisi,” turene neng panggon kedaden prakara (TKP).

Ndeleng baliho ukuran jumbo ambruk, Samsudin sempat kuwatir. Maklum, isih ana siji baliho gedhe meneh neng samping pos jaga, sing dheweke panggoni njaga. “Persis neng samping pos ana baliho sing uga sempat miring kena angin. Randha ngeri ndelenge yen nganti ambruk uga,” tuture.

Saka pandelokane, baliho sing ambruk sempat ngembruki mobil Katana sing liwat; karo kondisi radha penyok sisih ngarep. Untunge, si sopir mobil cepet tanggep.

Nurul Oktaviani, karyawan warung Pizza neng dalan Tentara pelajar ngaku mirsani dhewe rubuhe wit neng ngarep warung sing dheweke jaga. ”Angin kencang saka arah kidul nuli ngenengi wit, saknalika kuwi teras rubuh,” turene. Berita Bencana Alam dalam Bahasa Jawa Hujan Badai di Magelang.


Sing paling ngeri, kanda Nurul. kabel lan cagak listrik sing kembrukan wit sempat konslet lan ngetoke geni. “Aku panik lan wedi, ning bingung arep mlayu, mlayu menyang endi? aku bersyukur, geni sing murup bisa mati dhewene, mbokmenawa kena banyu udan, lan Alhamdulillah uga, wektu wit ambruk ora ana pangguna dalan sing liwat.”

Nganti wingi sore, sacacah anggota Satlantas Polres Magelang kutha mudhun menyang dalan, ngatur lalu lintas sing sempat macet. Kemacetan diperparah amarga aliran listrik mati, dadine lampu bangjo utawa traffic light ora murup.

Ora mung polisi. sacacah TNI saka kesatuan Kodim 0705/Magelang uga melu mudhun, ngewangi panugas Dinas keresikan, Pertamanan lan Tata kutha (DKPT) kutha Magelang sing lagi ribut ngresikna ruas dalan sing dikebaki patahan cuthik wit. Tim Inti Reaksi cepet (TIRC) BPBD Kabupaten Magelang nganti wingi sore uga isih nglakoke evakuasi wit-wit sing pada ambruk.