Contoh Pawarta atau Berita Dalam Bahasa Jawa ( Kapolda DIY Ngajak Merangi Teroris )

Pawarta merupakan sebuah arti kata dari berita dalam bahasa jawa. Sama halnya dengan berita pawarta memiliki tujuan mengabarkan/ memberitahukan/ menceritakan tentang sebuah kejadian/ peristiwa yang terjadi.


Adapun pengertian pawarta dalam bahasa jawa dapat kita simpulkan sebagi berikut:

 Bentuk cetak
Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran
Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.

Liwat Internet
Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.

Bentuk lisan
Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa    = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa    = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan    = Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye    = Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.

Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.
Search Populer:
Kumpulan Pawarta Terlengkap ,pawarta bahasa jawa, pawarta bahasa jawa Terlengkap, pawarta bahasa jawa singkat, pawarta bahasa jawa bencana alam, pawarta bahasa jawa pendidikan, pawarta bahasa jawa terbaru 2019, pawarta bahasa jawa 5w+1h, pawarta bahasa jawa gunung meletus, Contoh Pawarta Terbaik,  Pawarta yaiku, pawarta adalah, pawarta aktual, pawarta anyar, pawarta artine, pawarta asian games, pawarta aktual bahasa jawa 2019, pawarta b jawa, pawarta b.jawa 5w+1h, pawarta b.jawa singkat, pawarta b jawa 2019, pawarta b.jawa terbaru, pawarta b.jawa terkini, pawarta b.jawa kecelakaan, pawarta b jawa krama, contoh pawarta b.jawa, pembukaan pawarta b.jawa, pawarta cekak,pawarta contoh, pawarta cerita, pawarta dalam bahasa indonesia, pawarta ekonomi



Contoh Pawartanya




Berita Bahasa Jawa – Kapolda DIY Ngajak Merangi Teroris - Kadadean teror bom neng Jakarta, dina Kamis (14/1) nuli, nggawe Polda DIY dadi luwih waspada. Kawit wingi (15/1), meh kabeh personele sing neng lapangan, ora kajaba polantas, anyak dilengkapi karo senjata api utawa bedhil. Ugo neng panggon-panggon sing dianggep vital, dimaksimalke pengawasanne kanthi dipantau nganggo CCTV.

Kapolda DIJ Brigjen Pol Erwin Triwanto nuturake, kanthi aksi teror bom sing entas kedadean neng Jakarta, wis mbukan paningalan lan pangrungon kanggo masyarakat Indonesia termasuk warga jogja, menawa aksi teroris ora mung gedhe neng njero pawarta wae. Ngning nyat sunyatane wis saprayogane disikapi. Dadine kudu diperangi bebarengan.
“Pesen saka para teroris sadurunge, dekne kabeh arep gawe“konser akhir taun”. Lan awake dhewe wis ngliwati kuwi neng Jogja. Nanging tetap waspada, bareng masyarakat awake dhewe terus nempuhi teroris,” tegas Kapolda marang wartawan, dina Jumat 15 Januari 2016.

Yen nemu kegiatan sing mencurigakan, apa maneh saka wong asing utawa wong sing ora dikenal sadurunge, kudu waspada. “Yen nemu kegiatan mencurigakan, butuh dilaporke marang panugas kanthi kerja sama sing becik lan optimal,” turene.

Senajan nglakoke antisipasi, Kapolda DIY ngaku ora menehake prioritas marang panggonan-panggonan tertemtu. Luwih-luwih miturut piyambake durung tau ana serangan teroris neng Jogjakarta. “Yen ana pesen berantai supaya nghindari panggonan-panggonan keramaian, kuwi apus-apus, kabar sesat sing ora butuh digubris lan ngresahake warga. Kewajiban polisi kanggo njaga keamanan,” ature.

Para anggota polisi dijaluk supaya terus waspada marang serangan. Yen ana hal-hal sing ngancem kaslametan anggota, jenderal lintang siji kuwi ngarani, panugas bisa nglakoke tindakan tegas Nanging terukur.

“Lawang gerbang ditambah, pos brimob dadi tindakan preventif supaya mencegah kadadean Jakarta ora kedadean maneh, uga aja nganti kedadean neng Jogjakarta,”.

Disinggung babagan anggota polisi sing lagi dadi sasaran teroris, padha karo sing kedadean neng Jakarta wingi, Kapolda ngakoni, anggota polisi nyat kudu waspada. Parandene, institusi ora bisa mbekali atribut kanggo sakabehane anggota, samisal ngrupa rompi antipeluru. “Yen rompi antipeluru, larang. Dadine diprioritaske kanggo gegana lan brimob,” ngendikan Kapolda DIY.

Sawentara kuwi, Wadirlantas Polda DIJ AKBP Ihsan Amin ngendikan, anggota polisi saka kanggonan Lalu lintas sing njaga neng pirang-pirang pospam badhe siap senjata kanggo keamanan. Yen sadurunge panggunan mung bersifat pasif, mula sakwise kedaden Jakarta arep luwih siaga. “Sapa-sapa sing nggunakne senpi, bakal didata lan diidentifikasi,” Ngendikane marang wartawan, wingi Jemuwah 15 Januari 2016.

Sawentara keamanan Pospam sing mlebu jero pos tetep 24 jam bakal ditambah anggota saka satuan Sabhara. “Pos Lalu lintas sing 24 jam, payone beda njero hal pengamanan. Ora mung nggatekake lalu-lintas, Nanging uga nggatekake wong sekeliling sing sakirane bisa nimbulke potensi masalah,” turene.

Pos sementara, padhange, luwih bersifat mobile kanthi anggota sing nggenti. Lagekne pos tetep bisa nganti sak regu kanthi pirang-pirang sift. “Pos tetep kuwi kaya neng Jombor, Titik nol lan Kretek Maguwo,” gamblange.

Kajaba kuwi, kanggo ngurangi potensi masalah ana neng ndalan, Ditlantas arep luwih ngaktifke CCTV neng TMTC Polda. Klebu uga tandhang gawe karo Dishub. “Ana 18 titik CCTV bakal dimaksimalke, neng njaba sing dipek Dishub. Awake dhewe komunikasi uga karo kanca-kanca preman sing disebar neng sekitar pos,” turene.

Dheweke ngelingna, sanajan waspada lan ningkatake keamanan, ning uga ora nimbulke kuatir kanggo masyarakat. “Amarga Jogja iki kutha wisata, aja nganti warga resah. ning aja nganti uga ngurangi kewaspadan,” gamblange.