Dongeng Bahasa Jawa Kancil lan Merak

Dongeng Bahasa Jawa - Seiring dengan perkembangan teknologi, kegiatan mendongeng untuk anak banyak ditinggalkan orang tua. Padahal membaca cerita dongeng anak sebelum tidur seperti yang akan kami bahas di sini memiliki banyak manfaat.Di antaranya, kegiatan ini bisa mendekatkan hubungan antara orang tua dan buah hati. Anak jadi merasa diperhatikan dan memiliki waktu khusus yang dicurahkan untuknya.
Dari segi kognitif, kosa kata dan kemampuan berimajinasi anak akan meningkat. Anda pun bisa melatih daya ingat anak dengan menanyakan inti dari kisah yang Anda bacakan sebelumnya.Lewat buku cerita dongeng anak sebelum tidur bergambar, Anda juga dapat mengenalkan konsep warna dan bentuk. Yang tak kalah penting, Anda pun bisa menanamkan pesan moral yang penting untuk dimilikinya kelak.

Blog ini berisi Cerita Dengan Bahasa Jawa | Cerita Rakyat Nusantara Bahasa Jawa | Kumpulan Dongeng Anak Anak Bahasa Jawa| Dongeng Sebelum Tidur | Cerita Anak Anak Bergambar | Cerita Legenda Dongeng Fabel Binatang | Cerita Dongeng Pendek Bahasa Jawa | Kumpulan Cerita Rakyat Pendek Dongeng Rakyat Cerita Dongeng Anak | Dongeng Bahasa Jawa | Cerita Rakyat Bahasa Jawa | Cerita Legenda Bahasa Jawa | Pawarta Bahasa Jawa | Artikel Bahasa Jawa

Kalau bingung memilih kisah yang ingin dibacakan, di sini sudah kami sediakan Banyak cerita dongeng anak sebelum tidur yang menarik dan edukatif. Ada dongeng anak dari berbagai penjuru dunia, ada juga yang berasal dari dalam negeri. Selengkapnya bisa langsung Anda simak di bawah ini.




BERIKUT CERITANYA




 Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira. “Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.

“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”.

Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”.

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.

Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”

“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil

wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”

“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing

wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu

wis mlumpuk, malah

wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga

wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“

Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas

wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu

wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye to? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu. "Lho, wulu wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”  Kancil ora nggagas, malah gage pamitan.

Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati Cil, ” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung! Tuluuuung....!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa to Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“ Gelem Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing

wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.

Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing

wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.