Contoh Cerkak Bahasa Jawa ( SANG JURAGAN )

Cerkak bahasa Jawa merupakan cerita cekak atau cerita pendek yang disajikan dalam bahasa jawa. Bentuknya berisi sebuah cerita yang memiliki berbagai alur cerita.
Cerkak bahasa jawa biasanya terdapat substansi yang disematkan dalam cerita untuk memberi pengaruh baik kepada pembacanya, misalnya saja budi pekerti, pendidikan, moral, impian, keteladanan, kesehatan, cita-cita, dan lain sebagainya.
Dalam penyampaiannya, cerkak bahasa jawa disajikan dengan berbagai bahasa, seperti cerkak yang menggunakan bahasa jawa ngoko, dan ada juga cerkak yang menggunakan bahasa krama.
Cerkak cenderung kurang kompleks jika dibandingkan dengan novel. Cerkak biasanya menceritakan satu cerita, mempunyai satu plot alur, jumlah tokohnya terbatas, dan waktu cerita cenderung singkat.

Pengertian Cerkak

Dalam bentuk-bentuk fiksi yang lebih panjang, cerita cerkak memuat unsur-unsur inti tertentu dari struktur dinamis :
  • Eksposisi yaitu tentang settingnya, situasi, dan tokoh dalam cerita.
  • Komplikasi yaitu kejadian yang ada dalam cerita yang mengenalkan tentang konflik yang dialami tokoh utama.
  • Kejadian yang singkat dan krisis yaitu waktu yang menentukan si tokoh utama dan komitmennya.
  • Klimaks yaitu titik paling atas di dalam terjadinya konflik yang dialami tokoh di dalam kejadian yang paling penting.
  • Penyelesaian yaitu di mana cerita terjadinya konflik mulai terpecahkan.
  • Pesan Moral yaitu biasanya berisi pesan kesan dan pesan moral dari penulis yang berada pada cerita.
Karena pendek, cerita cerkak bisa memuat pola ini ataupun bisa juga tidak. Untuk contohnya, cerita-cerita cerkak modern hanya satu kali mengandung eksposisi. Yang lebih umum yaitu awal yang mendadak, dengan cerita yang bahas di tengah aksi kejadian. Seperti dalam cerita-cerita yang lebih panjang, plot dari cerita cerkak juga mengandung klimaks atau titik balik.
Akan tetapi, akhir dari semua cerita cerkak biasanya mendadak dan bisa mengandung ( bisa jadi iya bisa jadi tidak) pesan moral. Seperti banyak dalam bentuk seni India, ciri khas dari satu cerita pendek berbeda dengan menurut pengarangnya. 


cerkak bahasa jawa,contoh cerkak bahasa jawa,cerkak bahasa jawa singkat,cerkak bahasa jawa panjang, cerkak bahasa jawa pengalaman pribadi,cerkak bahasa jawa pendek,cerkak bahasa jawa tema sosial,cerkak bahasa jawa singkat lucu,cerkak bahasa jawa tema katresnan,cekrak persahabatan,cerkak bahasa jawa beserta artinya,cerkak bahasa jawa aku durung kalah,cerkak bahasa jawa asem kecut tenan,cerkak bahasa jawa adalah,cerkak bahasa jawa amarga salah paham,cerkak bahasa jawa alur maju,cerkak bahasa jawa asmara,cerkak bahasa jawa alur mundur,cerkak bahasa jawa alur campuran,cerkak bahasa jawa aku,cerkak bahasa jawa brainly,cerkak bahasa jawa beserta sinopsis,cerkak bahasa jawa bermoral,cerkak bahasa jawa banyumasan,cerkak bahasa jawa berdialog,cerkak bahasa jawa beserta sumbernya,
 
cerkak bahasa jawa bertema pendidikan,cerkak bahasa jawa beserta amanatnya,cerkak bahasa jawa cendek,cerkak bahasa jawa cinta,cerkak bahasa jawa contoh,cerkak bahasa jawa candi borobudur,cerkak bahasa jawa cita citaku seluas samudra,cerkak bahasa jawa candi prambanan,cerkak bahasa jawa cinta segitiga,cerkak bahasa jawa cita cita,cerkak bahasa jawa.com,cerkak bahasa jawa direktur anyar,cerkak bahasa jawa dan artinya,cerkak bahasa jawa dongeng,cerkak bahasa jawa dawa,cerkak bahasa jawa dari majalah,cerkak bahasa jawa di koran,cerkak bahasa jawa dan strukturnya,cerkak bahasa jawa dowo,cerkak bahasa jawa dhagelan
cerkak bahasa jawa ekstrakurikuler
CONTOH CERKAKK BAHASA JAWANYA
Nang sekolahan  SMK N 1 SANUR ana segrombolan bocah papat yakuwe Ritno, Ana, Sarah, lan Rita. Bocah papat kuwe mengendi-ngendi bareng kawit SD nganti siki SMK kelas X Pemasaran, mulane akrab banget wis di anggap kaya sedulur. Nang sekolahan di anakna  ekstra kewirausahaan, Ritno pengin banget melu begene dadi juragan kaya cita-citane kawit cilik. Tapi Sarah ora gelem jalaran ora duwe jiwa kewirausahaan padahal jiwa kewirausahaan kuwe masalah mburinan sing penting niat kambi siap mental. Akhire Ana kambi Rita melu-melu ora gelem. Ritno bingung, kawit cilik bareng terus, masa gara-gara ekstra kancanane dadi bubaran.
 
Dina pertama ekstra Ritno rasane abot banget ninggal bocah telu kuwe. Tapi mbarang wis kumpul bareng bocah Kewirausahaan, rasane wis ilsng rasa abote. Ekstra kewirausahaan di isi nang kakang kelase yakuwe mas Faizal, wonge cilik, eman, pinter, lan bijaksana. Nang mas Faizal di isi kon kenalan nang ngarep kelas siji-siji ngenalna jeneng, kelas, lan motivasi sing melu ekstra kewirausahaan. Motivasine werna-weran ana sing pengin dadi juragan kaya Ritno, ana sing pengin nyenengna wong tua,la nana sing pengin njajal melu tok. Ritno rasane angres melu ekstra kewirausahaan, dina pertama wis ngrasakna betah, dadi akeh batir, tambah ilmu lan rasane Ritno ora sia-sia ninggalna kanca akrabe nggo melu ekstra kewirausahaan.
 
            Isuke Ritno ngenteni nang prapatan kaya biasane. Wis ana 10 menit Ana, Sarah, Rita tekan.
Ana : “Tumben gasik Rit,biasane jam semene urung tekan kene?”.
Ritno : “Iya donk…..nyong lagi seneng banget geh.hehe…”.
Sarah : “Nyatane ninggal dewek ya seneng lah!”.
Ritno : “ Ora kaya kuwe Sar, ko pada kuwe kancane nyong kawit cilik ra mungkin nyong tega ninggal ko ko pada… ”.
Sarah :” Lah jere…buktine ko mending milih ekstrane dari pada dewek!”(ngetokna rai sing judes).
Ana :”Wis lehhh…..padune nggo mengko, wis awan geh, mbokan telat.”.
Akhire bocah papat kuwe nerusna mlaku tekan sekolahan.
            Dina keloro Ritno Ekstra kewirausahaan lan dina keloro Ritno ora bali bareng kambi Ana, Sarah, lan Rita. Isi kegiatan pas kuwe ngrembug persami pertama. Rasane Ritno ora sabar pengin cepet-cepet isuk trus sorene persami kambi bocah-bocah kewirausahaan.Tekan ngumah Ritno langsung siap-siap sing nggo persami ngesuk ganti tekan wengi Ritno gawe papan jeneg kang bahan gerdus bekas.
Pak Kadir :”Wis wengi ndok…nggo ngesuk mbok kena?”.
Ritno :”Kantun sekedhik pak,nanggung”.
Pak Kadir :”Ya wis nek wis rampung bobo ya?”.
Ritno :”Nggih pak, moggo bapak sare rumiyen….”.
Pak Kadir :”Iya ya….”.
            Isuke Ritno mangkat mandan awan,ngasi Ana, Sarah lan Rita ngeteni ana 15 menitan.
Rita :”nembe di puji wingi pakah siki mangkate awan…”
Ritno :”iya geh,mau mbengi tes nglembur”.
Ana :” ko gawa tas ketone abot temen, gawa apa bae?”
Ritno :”Nah kowe…nyong mau mbengi tes nglembur gawe papan jeneng nu nggo persami mengko,makane tase nyong abot si….”
Sarah :”Oh…”
Ana :”apa si ko…isuk-isuk wis mbesengut raine?”
Sarah :”Menurute ko!!!”
Ritno :” Aja mbesengut bae, mengko ayune ilang lo…mengko mas nenene dadi wedi”
Sarah : ”hahaha….,ko le ngerti bae nek nyong ayu.”
Rita :” Huh dasar bocah…”
Sarah :” Apa si…nyong emang ayu kan Rit?”
Ritno, Ana lan Rita :”hahahaha……iya,ayu banget”
 
            Persami pertama labuh jam 15.00. Kegiatan pertama upacara pembukaan nang lapangan upacara SMK, Keloro bersih-bersih kelas sing pan nggo turu, ketelu sholat ashar berjama’ah nang masjid SMK, kepapat ngecek sing ora gawa peralatan legkap menurut daftar sing wis di rembug wingi, Kelima istirahat, keenem sholat magrib berjama’ah, kepitu maem wengi nang lapangan upacara sekang kelas kudu mlaku ndogrok nangti tekan lapangan, sing maeme ora  entong kudu di puter di maem bareng-bareng nganti entong, kewalu sholat isya, kesanga permainan nang lapangan, kesepuluh renungan wengi nang kelas XI AP 2, ruangane di gawe peteng, mukur ana lilin sing urip papat tok tiap pojok, kesewelas turu tangi jam 5 sholat shubuh berjama’ah.
 
            Kegiatan sing paling di enten-enteni yakuwe ngguyak duwit tanpa modal duwit, kerjane bebas sing penting halal lan ora ulih ngemis.Kelompoke di bagi, tiap klompok ana bocah enem di bagi maning tugase dadi telu pasang, yakuwe Ritno kambi Rumi, Tara Kambi Agus, Shinta kambi Mia.Ritno kambi Rumi ngrewangi gombrang wit pari nang sawah wong Pucang di bayar 15.000 tapi rasane seneng banget nembe tau ngrasani jane nggone guyak duwit kue ora kepenak, tapi dewek siki ngertine nembe mukur njaluk tok. Tara kambi Agus nggumbah motor, nyapu, nggosok ulih duwit 50.000, Shinta kambi Mia dodhol karpet njikot nang pasar pucang, di dhol keliling ulih bathi 50.000. Jumlah klopok ulih duwit 115.000 rasane senenge pol, rasa kesele ilang. Ekstra kewirausahaan di tutup kambi upacara penutupan kambi nyetorna duwit nggo modal gawe perusaan tiap kelompok.
            Dina senene ana pilihan ketua osis, Ritno kepilih dadi calon ketua osis lan wakile Zahra, ndilalah kepilih. Ritno tambah bungah banget atine. Semenjak kue Ritno dadi aktif nang rong organisasi, dadi ora kober kumpul-kumpul kaya mbiyen. Nek istirahat Ritno mesti nyempetna nggo meng became kewirausahaan nglayani sing are tuku jajan.
 
            Kanca-kancane mulai ngrasa Ritno brubah termasuk kambi Ana, Sarah, lan Rita. Ritno dadi ora betah nang kelas,nggrasa di adhohi, di kucilaken nang bocah sekelas.Padahal meng became ora mukur dolan tok,jere ana sing ngomong so’ sibuk , menurut Ritno kabeh kue penting. Ritno nekad ora papa ora duwe batir nang kelas sing penting masa depane sukses cita-citane terkabulkan. Semenjak kue, Ritno semangat banget nggo mbuktikna meng kanca-kancane ora mukur so’ sibuk, tapi ana buktine. 
 
            Seuwise lulus SMK, Ritno mbangun Gudang nggo nyimpen jajanan kambi wedang, nggo kulakan warung-warung cilik.Ritno bene-bener dadi juragan sukses temenan. Kanca-kancane sekelas termasuk Ana, Sarah, lan Rita siki mbalik maning dadi kanca sing akrab maning ora bakal pisah maning.