Dongeng Bahasa Jawa Kancil Lan Bulus

Dongeng Bahasa Jawa - Seiring dengan perkembangan teknologi, kegiatan mendongeng untuk anak banyak ditinggalkan orang tua. Padahal membaca cerita dongeng anak sebelum tidur seperti yang akan kami bahas di sini memiliki banyak manfaat.Di antaranya, kegiatan ini bisa mendekatkan hubungan antara orang tua dan buah hati. Anak jadi merasa diperhatikan dan memiliki waktu khusus yang dicurahkan untuknya.
Dari segi kognitif, kosa kata dan kemampuan berimajinasi anak akan meningkat. Anda pun bisa melatih daya ingat anak dengan menanyakan inti dari kisah yang Anda bacakan sebelumnya.Lewat buku cerita dongeng anak sebelum tidur bergambar, Anda juga dapat mengenalkan konsep warna dan bentuk. Yang tak kalah penting, Anda pun bisa menanamkan pesan moral yang penting untuk dimilikinya kelak.

Blog ini berisi Cerita Dengan Bahasa Jawa | Cerita Rakyat Nusantara Bahasa Jawa | Kumpulan Dongeng Anak Anak Bahasa Jawa| Dongeng Sebelum Tidur | Cerita Anak Anak Bergambar | Cerita Legenda Dongeng Fabel Binatang | Cerita Dongeng Pendek Bahasa Jawa | Kumpulan Cerita Rakyat Pendek Dongeng Rakyat Cerita Dongeng Anak | Dongeng Bahasa Jawa | Cerita Rakyat Bahasa Jawa | Cerita Legenda Bahasa Jawa | Pawarta Bahasa Jawa | Artikel Bahasa Jawa

Kalau bingung memilih kisah yang ingin dibacakan, di sini sudah kami sediakan Banyak cerita dongeng anak sebelum tidur yang menarik dan edukatif. Ada dongeng anak dari berbagai penjuru dunia, ada juga yang berasal dari dalam negeri. Selengkapnya bisa langsung Anda simak di bawah ini.




BERIKUT CERITANYA




 Ana bulus celathu marang kancil, tembunge : “ Aku ora maido, yen kowe pinunjul ing playu, kang ananging ayo ,padha balapan, sapa kang ndhisiki tekan wekasaning ara-ara iki.”

Tembung mangkono iku ingatase si kancil padhane angecemong, ewadene pangajake mau di rasa aneh, mulane dituruti.

Nuli bulus enggal miwit lumayu, kancil ngenakake dhedhe, ciptane : “ si gumremet kareben mempis  - mempis, aku wus mesthi ora rekasa bisa anjujul, aku mencolot ping telu utawa ping pat bae, wus tamtu bisa nglancangi kewan nglemer kuwi” saya adoh olehku ngaceki aya ndadekake kocapku.

Ing nalika samana bulus meh tekan ing wates. Kancil isih sareh  ing sawatara, bareng tumandang arep anjujul , weruh yen meh kasep awit dening talompene, ewadene isih anduweni pangarep – arep menang sarana cukating lumpate.

Enggal lumayu rikate prasasat angin, ananging tanpa gawe, awit bulus wus ndhisiki tekan wekasaning ara-ara, dadi kancil kalah.

Eliding dongenge mangkene : wong iku sanajan terang budine, elingana, tuwin titis ing ciptane yen ora tengginas ing samubarang gawe, mesthi kedhisikan ing liyan, iku kang amek kauntungane.

Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters

Tegese  tembung :

pinunjul               = linuwih, luwih saka pepadhane

ara-ara                  = palemahan jembar kang ora ditanduri

ngecemong        = angger ngomong

ewadene             = sanadyanta

ngenakake          = ngenak-enak , tumindak sakarepe

dhedhe                                = kekaring ing panasan

gumremet          = mlaku sing rindhik banget.

nglemer               = ora cukat tandang tanduke

kacek                    = ora padha, beda

talompe               = tlompe, randhat, remben

cukat                     = trengginas, sarwa rikat tandang tanduke.

budi                       = 1. pikir, nalar   2. golek, ngrekadaya   3. watak     4. polah arep oncat, ora manut

budi arda             = kekarepam

terang budine   = terang nalare, pinter.

amek                     = 1. njupuk 2. golek.